Jumat, 31 Juli 2015

cerita kelas 7 SMP :D

first ....

oke nang kene aku bakal nganggo bahasa jawa brebes ngapak :D

ngkene aku bakal crita nulisna kisahe enyong selama dadi murid SMP ,
aku pang kenalan ndikit nama asli nama sing bapake garo mamane garo simbahe garo mbah buyute
namane aku "tri linda antika" giliran nmbe mlebu smp aku di dundang "setri" nama apik-apik ngundange setri mumet belih ? okeh aku nembe mlebu nang sekolah smp sing paporit jarene wong brebes , kie aku salah mlebu sekolah , donge sekolahe kie keh sekolahe isine wong cina cina putih-putih garo gagah-gagah sipit2 maning aku ya ora kalah , aku putih sipit rambute pirang ora kalah karo kanca liane sing asli cina bedane aku cina KW 10 lah kae cina original, aku di doloh nang kelas 7D kelas sing jare kaka kelase kelas singit alias angker, lah nyoh tah ora percaya ,,,,
dina pertama mlebu aku ya ngrasa "kie kelas apa kuburan ?" aku maring kantin nylemong garo tukang kebune sekolah , " pak kelase aku donge bekase apa sih ?" tukang kebune arane pa sawin " tempat buangan jin pocong kuntilanak " hahaa *garo ngakak , asem kie wong tua takoni bener2 ka ! pa sawin njawab maning " wis nggari ndonga sedurung manjing kelas jare pa sawin " iya ws pa karepe sampean"

singkat cerita ...
herane aku langsung olih kanca sebareg-abreg alias olih kanca akeh nemen
padahal aku wonge biasa bae , cuma iya aku wonge selow , ora seneng munafik
lanang wadon tak kancani kabeh ...
tapi sing nggo heran bisa olih kanca sebangku ora peta ora apa , wis pelit nemen kaya babone wong pelit lah, senenge nyilihan , kemayu maning , akhire aku pindah tempat jagongan paling pojok paling horor , paling soak , dilalahe olih kanca maning sing rada waras ,

gurune ayu-ayu nemen, ndue kanca kelas 7D ana enak ana orane , sing pinter keminter nemen , aku ya jare bapa pinter , tapi pinter ngapusi , hahahhaaaa kanca 7D akehe lanang , tapi enake ora ketulung  nggaldina dolanan terus , balik sekola dolanan dingdong , poker, sing penting ora pacaran.

byeeeee..... 7D :)

-----> Next